Tedhak siten iku salah satunggaling upacara
adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau
nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender
internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten
pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang
sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking
tembungsiti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti
ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan
bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara
tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit
nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat
lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah
barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana
kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna
ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula
dianakake upacara tedhak siten.
Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti
lan ubarampe, yaiku :
1. Pengaron sing diisi
kembang setaman
2. Kurungan, kanggo
nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut
3. Werna-werna barang sing
diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane
manungsa nggolek nafkah, kayata:
a) Pari sabengket
b) Kapuk sabengket
c) Piranti nulis
d) Bokor kang diisi beras kuning
e) Werna-werna jinis dhuwit
f) Perhiasan
4. Klasa sing isih anyar,
kanggo lemek ning jeroning kurungan
5. Udik-udik utawi duit logam
dipuncampur kembang
6. Tangga tebu "arjuna",
yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip sing arep
dilakoni anak
7. Jadah pitung werna, yaiku
abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo ngemutake
anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna
8. Bancakan, kayata sega
gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka
Tata Caranipun upacara
tedhak siten, yaiku :
Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak
jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih,
ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang
nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan
ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake
mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit
tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih
tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados
bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni
tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan
bakti kaliyan Negara.
Ketiga
yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir,
ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne
dhewe menawi sampun gedhe.
Ingkang kaping sekawan, bocah
dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing
njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti
nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising
perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya
lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun
dipilih saking cilik.
Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit
logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi
bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng
tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang
sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)
Kapitu, ing
pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya
si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane.
Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged
ngarumaken jeneng kaluwargane.
Dene ancase tedhak
siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta
keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika ,
para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.
0 comments:
Post a Comment